|
Gemah ripah loh jinawi kang kerep keprungu ing basa Jawa ngemu teges nggambarake kasuburane nagara Indonesia, mligine tanah Jawa. Tumrape wong Jawa, gemah ripah loh jinawi lumrahe disusuli unen-unen subur sarwa tinandur, murah kang sarwa tinuku, tata tentrem karta raharja.
Kuwi kabeh nandhesake manawa tanah Jawa ing jaman kelakone dadi dhaerah kang sarwa nyenengake ati, kajaba lemahe subur, uga murah sandhang lan pangan, golek apa-apa gampang, kahanane sarwa ayom ayem lan tentrem.
Kahanan kang kaya mangkono kuwi dadi pangajabe sakabehe wong, lan dadi kahanan ideal-e dunya, uga ing urip bebrayan.
Kaya dene kang ajeg disebutake dening para dhalang nalika mbabar lakon wayang, mesthi ukara gemah ripah loh jinawi ora lali sinebut minangka purwaka crita.
Maneka literatur nyebutake ing jagad pewayangan ora tau ucul saka prakara wewengkon lan kahanan nagara, amarga ing pambuka crita dhalang mesthi miwiti ukara kanthi utopia bab warga bebrayan utawa nagara ideal yakuwi kahanan ing nagara utawa urip bebrayan kang panjang punjung pasir wukir loh jinawi tata tentrem gemah ripah karta raharja.
Dijabarake, tembung panjang ateges kondhang, punjung tegese dhuwur prebawane, pasir yakuwi jembar jangkahe, wukir yakuwi teguh lan kuwat. Dene tembung loh ngemu teges subur, jinawi tegese murah sandhang pangan, tata yakuwi tertib utawa ketata apik, tentrem ya tentrem utawa kahanan kang sarwa ayom ayem. Gemah tegese dedagangan sarwa maju, ripah yakuwi sakabehe sarwa ana lan gampang gegolekane, karta tegese aman, ora rusuh, lan raharja tegese makmur. Ulen-unen kang becik kuwi, sakabehe nggambarake kahanan kang sarwa becik, hakikate ing jaman saiki dijlentrehake minangka visi-ne bangsa Indonesia kanggo mujudake tatanan urip lan warga bebrayan kang adil saha makmur.
Sakabehe warga, utamane wong Jawa, mesthi padha mathuk marang kahanan kang sarwa becik kuwi. Kabeh kuwi uga dadi pangajabe, muga-muga ya isih bisa kegayuh ing tembe mburi, sanajan saiki jamane wus molah-malih ora karuan.
“Duweni pangajab apik kuwi patut disurung lan diamini dening sakabehe wong. Apa maneh, ngajabi supaya kahanan donya bisa dadi apik, nagara bisa dadi subur, makmur, ayem tentrem, lan murah sandhang pangan,” pratelane pamerti budaya Jawa, KRMHT Djoko Pandjihamodjoyo utawa Ki Djoko, dina Senen (1/3).
Miturut piyambake, ukara gemah ripah loh jinawi lan sateruse kuwi minangka reroncenan ukara becik kang wus manep ing kalbune wong Jawa. reroncenan ukara kuwi uga kerep keprungu ing jagad pewayangan.
Manawa dijlentrehake ing basa salumrahe, tegese kahanan kang sarwa makmur kanthi lair lan batin, dene alam bebrayan melu nyurung kahanan kuwi. Kayata, lemah ditandhuri apa-apa bisa tukul, murah banyu, ora ana ama utawa bencana. mangsa tandur bisa ajeg ngetutake pranata mangsa saengga kabutuhan pangane dhaerah bisa kacukupan terus. Sandhang pangan murah, atine manungsa bisa krasa tentrem.
Krasa marem
“Nanging emane, kahanan kang sarwa subur makmur, murah sandhang pangan kuwi, ing jaman saiki kaya-kaya wus kanggo nostalgia wae. Manawa kepengin mujudake kahanan kaya mangkono, akeh banget sing kudu diowahi lan dijejegake. Utamane laku lan mentale manungsa,” piterange Ki Djoko.
Jaman mbiyen, manungsa sarwa nrima ing pandum. Sanajan kahanan regeng tur murah sandhang pangan, ora banjur padha murka utawa golek-golek kanthi cara kang ora becik. Nrima kahanan kaya mangkono kuwi, kabeh manungsa uga wus krasa marem atine. Bedha karo kahanan saiki. Kaya-kaya dadi kosok baline.
“Saiki, kaya-kaya manungsa ora duwe rasa marem marang apa-apa kang wus ditampa. Wus duwe omah, kepengin omah maneh sing luwih gedhe, magrong-magrong. Wus duwe montor siji, kepengin duwe lima, kayane atine ora tau marem marang kahanan sing dilakoni saiki,” tandhese Ki Djoko.
Jaman mbiyen, lemah sarwa amba tur jembar. Kanggo tetanen utawa tandur asile becik, lumbung pari padha kebak, beras turah-turah, regane ya murah. Orientasi-ne warga bebrayan nalika kuwi pancen ana ing tetanen. Mbedah alas wae, manawa ora kepeksa ora dilakokake. Manawa mbedah alas, akeh-akehe uga kanggo mbukak tetanen anyar. Ora kaya jaman saiki, wong-wong padha negori wit ing alas sakarepe wudele dhewe. Mulane akeh bencana, amarga alam wus rusak.
“Orientasi-ne warga bebrayan saiki ana ing bisnis utawa karir. Kabeh dipetung saka materi. Mula, manawa kepengin mujudake kahanan kang gemah ripah loh jinawi, kayane ora bakal bisa kaleksanan. Kuwi amung dadi reroncenan tetembungan kang angel kaleksanan. Saliyane jamane wus sansaya tuwa tur wus owah akeh, padha rusak, jaman kang wus maju iki ora sakabehe nggawa aura kang becik. Ana dampak negatif-e,” jarene piyambake.
Disebutake, jaman sansaya maju, akeh wong kang padha sesaingan anggone golek upa, golek sandhang pangan, kanthi carane dhewe-dhewe. Mula iku, apa sing aran kemakmuran kuwi ora bakal bisa rata katampa dening para manungsa siji lan sijine. Yen prelu, malah ngrayah jatahe liyan.
Mentale manungsa sing wus ora becik iki isih ditambahi owah-owahan alam kang njalari anane bencana, jinis-jinis penyakit kang nggegirisi, lan liya-liyane. Durung para teroris sing gaweane amung gawe rusak lan nambah bubrah kahanan donya. Nagara dadi adoh saka kahanan kang ayom lan ayem. Amarga kuwi, ukara gemah ripah loh jinawi lan sateruse kuwi bisa wae sansaya adoh saka gegayuhane manungsa. Sansaya ora bisa diwujudake dening manungsa ing jaman saiki. Saiki, manungsa bisane kari mapanake dheweke dhewe utawa nglarasake awake marang kahanan saiki lan owah-owahaning alam
|